Selasa, 27 November 2012

Dhemit

Judul : Dhemit
Produksi : Contact
Tahun Cetak : 30-an





Jagading Lelembut ing Budaya Jawa
(Minggu, 21 Oktober 2012 13:08 WIB | Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Dhemit, lelembut utawa jim peri prayangan dadi perangan uripe wong Jawa, jaman kuna nganti jaman modheren iki. Miturut buku Dunia Hantu Orang Jawa anggitane Suwardi Endraswara, weton Narasi, Yogyakarta, 2004, wong Jawa merdeni lelembut wiwit ewon taun kapungkur.

Wong Jawa lan kapitayan anane lelembut durung bisa kadhudhah kapan kawitane. Mbokmenawa umure kapitayan anane dhemit utawa lelembut kuwi padha tuwane kalawan budaya Jawa kuwi dhewe. Dhemit kaya sing lumrah disebut wong Jawa kanthi aran Nyi Blorong utawa peri ula, sundel bolong, gundhul pringis, kemamang, banaspati, congculi lan sapiturute dipercaya dening bebrayan agung Jawa urip ing sakiwa tengene manungsa. Kapitayan anane lelembut iki yang nuwuhake kapitayan animistis ing madyaning bebrayan agung Jawa.

Sanajan alame beda, nanging anane para lelembut utawa dhemit kuwi pinitaya nyata, kepara dadi perangan uripe wong Jawa, bebrayan agung Jawa. Malah ora sethithik wong Jawa sing precaya lamun para lelembut kuwi bisa dideleng dening mripate manungsa. Sapa wae bisa weruh utwa diweruhi, ora prelu duwe kasekten. Ing beda kahanan, dhemit kuwi ora mung bisa dideleng, nanging uga bisa sesambungan kalawan manungsa.

Miturut dhosen budaya ing Fakultas Sastra lan Seni Rupa Universitas Sebelas Maret, Wakit Abdullah, sesambungan dhemit-manungsa ana maneka jinis, kayata pesugihan, njaga omah utawa papan tinamtu lan manjing ing barang pusaka.
”Umume dhemit kuwi ing bebrayan agung Jawa pinitaya manggon ing sendhang, watu-watu gedhe, wit-wit gedhe lan sajinise,” pratelane Wakit nalika ditemoni Solopos.com. Ing kasunyatan, miturut Wakit, dhemit ing saben dhaerah duwe aran beda-beda. Dhemit sing wujude raseksa ireng duwe wulu lan rambut akeh jenenge genderuwo utawa gandaruwo utawa gelebot.

”Nyi Roro Kidul kang pinitaya minangka dhanyange segara kidul uga duwe jeneng liya yakuwi Dewi Ratu Suida, Dewi Sulastri, Ratu Pembayun lan liya-liyane. Sanajan beda jeneng, nanging padha,” pratelane Wakit. Ing kabudayan Jawa ana kapitayan lamun manungsa bisa nggunakake dayane dhemit kanggo nggayuh panguwasa, pangkat, utawa minangka cara nggayuh bandha donya raja brana.

Lelembut kang wus kasebut ing dhuwur kayata gundhul pringis, sundel bolong lan liya-liyane, klebu jinis lelembut sing paling ngisor dhewe drajate. Ing bebrayan agung Jawa lumrah mantha lelembut jumbuh drajat pangkate, yaiku jim luhur, jim wisesa, jim hayu, jim duta, jim dhana lan jim padha. ”Jinis gundhul pringis, sundel bolong lan sapiturute kuwi klebu jim padha, bisane mung nggodha manungsa,” ujare budayawan Jawa kang uga dwijawara pedhalangan ing Akademi Seni Mangkunegaran (Asga), Mas Demang Edy Sulistyono.

Lelembut sing dhuwur dhewe drajate ing kapitayane wong Jawa yaiku jim luhur, drajate dewa, Sang Hyang Guru. Sangisore kuwi jim wisesa kang duwe panguwasa, kayata Nyi Roro Kidul. Sangisore maneh yaiku jim hayu kang seneng tetulung, jim dhana kang seneng weh-weh, jim duta kang seneng dikongkon lan jim padha kang seneng medeni lan nggodha manungsa.
”Jim kuwi ya kaya manungsa, titahe Gusti Allah, antuk printah ngibadah. Ana sing duwe dharma, uga ana sing ala. Ya kaya manungsa becik-alane,” piterange Edy.

Ing kapitayane bebrayan agung Jawa ana alam mikrokosmos lan makrokosmos. Rong alam kuwi lumaku bareng lan kudu harmonis. Mula, manungsa precaya lan ngakoni anane jim, lelembut utawa dhemit. ”Dhasare sipat wong Jawa kuwi pengin urip sesrawungan lan ora seneng memungsuhan. Ora mung kalawan padha-padha manungsa, nanging uga ngudi supaya urip harmonis bebarengan titah alus,” pratelane Edy.

Karaton kang dadi salah siji punjer budaya Jawa isih ngugemi laku ngurmati jim kayata Sunan Lawu, Nyi Rara Kidul, Kiai Sapu jagad, Kangjeng Ratu Lanjar, Mbah Petruk lan jim-jim wisesa liyane. ”Iki dudu nyembah nanging ngurmati jim sing duwe panguwasa. Wong Jawa kuwi tetep nyembah Gusti Allah Sing Akarya Jagad, ora nyembah jim,” piterange Edy.

Mula ana tembung pedanyangan kang asale saka tembung ”dah” lan ”yuang”, tegese kamulyan lan kinurmatan. “Ana tradhisi bersih desa ing maneka dhaerah kang ancase ngurmati anane danyang utawa jim ing dhaerah kuwi. Ini ora ateges nyembah dhanyang utawa jim nanging ngudi urip harmonis ing antarane makrokosmos lan mikrokosmos kuwi mau,” tandhese Edy.

link aslinya : http://www.solopos.com/2012/10/21/jagading-lelembut-ing-budaya-jawa-351030

Editor: Bambang Aris Sasongko | Dalam : Jagad Jawa |

Tidak ada komentar:

Posting Komentar